Sembahyangan Atur Panuwun Umat Allah Keuskupan Agung Semarang

Sembahyangan Atur Panuwun

Umat Allah Keuskupan Agung Semarang

(dipuntindakaken sasampunipun Komuni umat rampung)

Allah Hyang Rama ingkang mahamirah kawula ngaturaken agunging panuwun ingarsa Dalem

Awit Sampeyan Dalem tansah nuntun Umat Dalem ing Keuskupan Agung Semarang supados tansah caket kaliyan Sampeyan Dalem, ngangkat martabat pribadining manungsa, tuwin nglestantunaken wetahing titah Dalem.

Langkung-langkung kawula ngaturaken panuwun ingarsa Dalem awit tuwuhipun habitus enggal wonten ing paguyuban-paguyuban umat Dalem, ingkang nuwuhaken lan ngrembakaken semangat andum para. Kawula ugi ngaturaken agunging panuwun awit brayat-brayat ingkang dados dasaring gesang kapitadosan, awit para putra lan kaum muda ingkang ngudi ngrembakaning Pasamuwan Suci, tuwin sakathahing pambudidaya murih karaharjaning para alit lan papa.

Sesarengan kaliyan Kanjeng Ibu Dewi Maria, abdi Dalem, kawula nyuwun, karsaa ngutus Hyang Roh Suci nglestantunaken pakaryan sae ingkang sampun Sampeyan Dalem wiwiti ing tengah-tengah kawula. Mugi kawula saged dados seksi Dalem menggahing katresnan lan kasunyatan Dalem tumrap masyarakat kawula.

Atur panuwun tuwin panyuwunan kawula menika, kawula unjukaken ingarsa Dalem lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.