Nawala Prapaskah 2012 Keuskupan Agung Semarang

Dina Minggu, Tanggal 18/19 Februari 2012



Katolik Sejati Kudu Preduli lan Rila Andum Rejeki

“Tindakna Pakaryan Becik Sanadyan Mung Cilik lan Prasaja”



Para ibu, Bapak, Suster, Rama, Bruder, para mudha, para putra

lan para sadulur kabèh kang kinasih ing Gusti



1. Dina Rebo ngarep, tanggal 22 Februari 2012, awaké dhéwé bakal miwiti mangsa pamartobat, utawa mangsa prapaskah. Kanggo awaké dhéwé, mangsa prapaskah dadi mangsa kang mirunggan amarga uga bisa diarani dadi wektu kanggo “retret agung umat”. Mangsa prapaskah uga dadi wektu kang prayoga kanggo naliti urip. Apa uripé awaké dhéwé wus salaras karo karsa Dalem Gusti. Wektu iku uga dadi wektu kang kebak atur panuwun. Awaké dhéwé kaajak ngaturaké atur panuwun marang Gusti amarga awaké dhéwé minangka titah kang sèkèng lan saben-saben tumiba ing dosa, ananging tetep trinresnan déning Gusti. Katresnan Dalem Gusti iku kagambaraké ing Kitab Nabi Isaias kang kawaos ing dina iki,”Saka karsa-Ku pribadi Aku ora arep ngéling-éling dosa-dosamu manèh” (Is 43:25). Sabda Dalem Gusti iki dadi pepéling tumrap awaké dhéwé supaya bisa mbangun sikap pamartobat kang sejati. Gusti ora paring paukuman ananging paring kalodhangan supaya padha mbangun sikap pamartobat.



Mbangun sikap pamartobat kang sejati tegesé wani miwiti urip anyar, ninggal cara urip lawas ngrasuk urip anyar. Kanggo miwiti urip anyar iku lumantar Nabi Isaias Gusti paring sabda,“Ora perlu mung ngéling-éling sing uwis-uwis, lan mandheg nggagas sing wis klakon” (Is 43:18). Ana ing Injil cetho banget urip anyar iku dialami déning wong lumpuh kang banjur bisa mlaku (kat. Mrk 2:1-12). Iku mau kabèh amarga saka katresnan Dalem Gusti Yésus marang wong lumpuh mau. Mula saka iku awaké dhéwé tansah kaajak mbuka ati marang tuntunan Dalem Gusti supaya bisa miwiti urip kang anyar ninggal sakèhing dosa lan kadurakan.



Para sedulur kang kinasih ing Sang Kristus,



2. Ana rong prekara wigati kang kudu digegulang ana ing mangsa pamartobat, yaiku: sepisan ngéling-éling lan nyawisaké baptis, kapindo nggegulang laku tobat (Konstitusi Liturgi, 109). Manawa rong prakara iki digegulang temenan aku yakin yèn uripé awaké dhéwé bakal ngetokaké woh kang migunani kanggo urip bebarengan ana ing madyaning pasamuan suci lan masyarakat.



3. Linambaran sabda Dalem Gusti kang diwartaaké dina iki awaké dhéwé diajak kanthi manteb padha nggegulang urip karohanèn ing sajroning mangsa prapaskah. Salah sawijiningwoh kang bisa kapethik saka laku tobat iki, yaiku semangat gotong-royong, lung tinulung kanthi tulus lan preduli marang liyan. Semangat, mrentul saka ati lan preduli kang kaya mangkéné iki kang kacritakaké ana ing Injil dina iki. Nalika weruh wong kang lumpuh arep sowan Gusti Yésus, wong-wong ing sakiwa tengen kono padha awèh pitulungan. Kang nrenyuhaké dicritakaké mangkéné ”Sarèhné ora bisa nyowanaké ingarsané Gusti marga saka akèhing wong, mula banjur mbukak payon. Sawisé menga, lincaké si lumpuh diudhunaké” (Mrk 2:4). Nyata banget apa kang dadi sedyané wong-wong mau. Kang bakal kagayuh mung siji, yaiku kepriyé supaya wong lumpuh mau bisa sowan ingarsané Gusti Yésus lan bisa mlaku.



4. Nyawang wong kang lumpuh wong-wong mau banjur cancut tali wanda tumandang gawé awèh pitulungan. Ora ana kang dhawuh nanging thukul saka ati kang burus. Anggoné padha tumandang mau marga kinanthèn pangandel. Ana ing Injil dikandhakaké, ”Gusti Yésus priksa pangandelé wong-wong mau, mula banjur ngandika,’ngGèr, dosamu kaapura” (Mrk 2:5). Wong-wong padha awèh pitulungan amarga pancèn ana kawigatèn, rasa tulus lan rasa kamanungsan marang pepadha. Iki bisa dadi panjurung kanggo awaké dhéwé, apa kang kudu daktindakaké yèn ana wong mbutuhaké pitulungan.



Pengalaman wong lumpuh ing Injil dina iki pranyata bisa kelakon ing jaman saiki. Durung suwé iki, ana dokter kang nyritakaké pengalamané marang aku mengkéné: “Sawijining dinten, griya sakit kula nampi satunggiling pasien, “Bu Fatimah” asmanipun; dipun dhèrèkaken satunggaling nèm-nèman. Kawontenanipun Bu Fatimah awon sanget: badan kera, mambet, sakit gangren, pasuryanipun pucet lan ketinggal kawratan sanggan. Nèm-nèman wau ngendika dhateng perawat: „Punika sanès Ibu kula nanging kula manggihaken Ibu punika wonten ing alun-alun. Kula dhèrèkaken dhateng griya sakit punika awit kula pitados griya sakit punika temtu purun paring pitulungan dhateng Ibu punika.. Sasampunipun dipun rimat sawetawis dinten, Ibu punika tilar donya kanthi tentrem. Amargi boten dipun mangertosi sanak kadangipun, Ibu punika dipun rukti déning pihak griya sakit. Nalika badhé dipun sarèkaken nèm-nèman wau dhateng kaliyan pacanganipun lan pranyata piyambakipun sampun maringi arta dhateng Ibu wau kanggé ragat sadangunipun Ibu Fatimah karimat wonten ing griya sakit. Sawetawis dinten, nalika nèm-nèman wau tindhak dhateng kitha lan langkung wonten ing alun-alun, manggihaken malih Bu Fatimah sanès ingkang mbetahaken pitulungan. Kanthi raos welas asih, nèm-nèman ndhèrèkaken Bu Fatimah dhateng griya sakit ingkang tebihipun 40 km saking griyanipun”.



Minangka murid-murid Dalem Gusti Yésus, awaké dhéwé uga bisa ngatonaké pakaryan becik ing sakiwa tengené awaké dhéwé kaya nom-noman mau. Sanadyan ora padha persis karo nom-noman mau, nanging aku yakin pakaryan becik kang katindakaké, sanadyan mung cilik lan prasaja, bakal migunani banget tumrap pepadha. Kaya kang kacritakaké ing Injil mau, marga padha preduli lan tansah nggatèkaké marang liyan, sanadyan ngadhepi kangèlan tetep mbudidaya gawé kabecikan kanggo pepadha. Kang dadi berkahé, wong lumpuh mau bisa pinanggih Gusti Yésus lan bisa mlaku. Sikap, semangat preduli lan ati kang tulus iki kang kudu dijaga lestariné supaya uripé awaké dhéwé dadi berkah kanggo sapa baé. Wong papat kang nggotong wong lumpuh mau ora mung mikir butuhé dhéwé, nanging uga mikiraké butuhé wong liya, luwih-luwih marang wong kang ora bisa tumindak apa-apa. Semono uga nom-noman mau: ora duwé rasa risi marang kahanané Bu Fatimah. Nom-noman mau bisa gawé Bu Fatimah „pinanggih karo Gusti Kang Murbeng Dumadi. kanthi tentrem lan urmat.



Para sedulur kang kinasih ing Sang Kristus,



5. Apa kang katindakaké déning wong-wong marang wong lumpuh lan nom-noman marang Bu Fatimah mau bisa kanggo pangéling-éling tumrap awaké dhéwé manawa urip bebarengan ana ing madyaning masyarakat iki kudu tansah lung tinulung lan samad sinamadan. Awaké dhéwé ora bisa mung meneng baé yèn ana kahanan kang isih mrihatinaké. Awaké dhéwé kudu wani gawé kabecikan. Sanadyan apa kang katindakaké iku mung barang sepélé nanging aku yakin bakal gedhé pigunané.



Lan apa kang katindakaké iku mbok manawa ora ketara, ora bisa gawé awaké dhéwé misuwur lan kondhang jenengé, malah kepara dianggep golèk kawigatèn. Nindakaké pakaryan becik mono ora kanggo golèk pangalembana, utawa kanggo golèk suwuring dhiri. Nindakaké kabecikan pancèn wus dadi sesanggemané awaké dhéwé minangka pandhèrèk Dalem Sang Kristus kang kudu preduli marang sapa baé. Iki kabèh minangka kautaman kang kudu katindakaké luwih-luwih kanggo sanak kadang kang sèkèng, miskin, kasingkir lan difabel.



6. Linambaran pangandel lan sabda Dalem Gusti dina iki, aku ngajak para sadulur kabèh miwiti mangsa prapaskah lan nglelimbang téma Aksi Puasa Pembangunan taun 2012, yaiku Katolik Sejati Kudu Preduli lan Rila Andum Rejeki. Aku ngajak sapa baé tansah mbudidaya bisaa ngatonaké urip katolik kang sejati. Tanpa wigah-wigih suka paseksèn minangka pandhèrèk Dalem Sang Kristus ana ing madyaning masyarakat. Nindakaké kabecikan marang sapa baé tanpa mandhang drajat lan pangkat. Wani ninggal watak srakah lan ngemungaké urip kang kebak ing panarimo lan atur panuwun marang Gusti kang tansah paring rejeki. Sikap lan kautaman kang kaya mangkéné iki kang saben taun bisa kawujud ana ing Aksi Puasa Pembangunan (APP).



APP kang wus nganti patang puluh taun kelakon, dadi tandha nyata manawa awaké dhéwé sejatiné bisa ngatonaké urip sejati. Mula nalika awaké dhéwé miwiti mangsa prapaskah lan nglelimbang APP, kang sepisanan dipikiraké dudu awaké dhéwé nanging wong-wong kang mbutuhake pitulungan. Anggone awaké dhéwé padha ngengurangi sajroné mangsa prapaskah wus dadi berkah kanggo wong akèh. Apa kang katindakaké iki sejatiné kang dadi piwulangé Pasamuan Suci kang kamot ing dokumèn Konsili Vatikan II. Ing kono kasebutaké, ”Laku tobat sajroné patang puluh dina prayoga banget yèn ora mung katindakaké sacara batin lan mung mligi kanggo pribadi ananging kudu mawujud sacara tata lair lan bisa dirasakaké ana ing masyarakat” (Konstitusi Liturgi, 110)



7. Wusana, para Ibu, Bapak, Suster, Rama, Bruder, para mudha, para putra lan para sadulur kabèh kang kinasih ing Gusti ayo kanthi bungahing ati lan manteb padha miwiti mangsa pamartobat, mangsa prapaskah. Muga-muga apa kang padha daklelimbang bebarengan ing lingkungan lan komunitas-komunitas apadéné ing kelompok kategorial sangsaya neguhaké jatining urip katolik kang sejati, yaiku kudu preduli lan rila andum rejeki. Lan kanthi mangkono panglimbangan kang dilakoni kanthi setya bisa ngétokaké woh kang migunani kanggo pepadha luwih-luwih kang kasrakat uripé. Berkah Dalem Gusti tansah rumentah kagem panjenengan kabèh, brayat-brayat, komunitas lan paguyuban. Gusti Allah neguhaké pakaryan becik sanadyan mung cilik lan prasaja.



Aku nutup nawala iki kanthi wangsalan cekak:

Lungguh dingklik nang ngisor wit waru

Sinambi ngisis ngicipi roti

Dadi wong katolik aja mangu-mangu

Kudu preduli lan rila andum rejeki






Semarang, 1 Februari 2012

Salam lan Berkah Dalem,





† Johannes Pujasumarta

Uskup Keuskupan Agung Semarang