Doa Mohon Uskup Keuskupan Agung Semarang Yang Baru

DOA MOHON USKUP KEUSKUPAN AGUNG SEMARANG YANG BARU

Allah Bapa yang mahakuasa
kami bersyukur kepada-Mu
sebab Engkaulah Gembala kekal
yang tak pernah meninggalkan kami, kawanan-Mu,
yang menjaga dan melindungi kami
melalui Putra-Mu Yesus Kristus, Sang Gembala Baik.

Pada masa ini, Engkau menggembalakan kami umat-Mu
melalui pelayanan para Uskup, pengganti para Rasul-Mu
dalam kesatuan dengan Bapa Suci, Paus Benediktus XVI.
Umat-Mu di Keuskupan Agung Semarang telah mengalami
pelayanan dari Uskup-uskup yang baik selama ini:
Monsinyur Sugijapranata dan Bapak Kardinal Darmojuwono
yang telah menghadap-Mu di surga;
Bapak Kardinal Darmaatmaja dan Monsinyur Ignatius Suharyo,
yang kini masih berkarya melayani Gereja-Mu.

Pandanglah kami seluruh umat-Mu di Keuskupan Agung Semarang,
yang kini berseru kepada-Mu:
Anugerahilah kami dengan segera
gembala utama, Bapak Uskup yang baru.
Utuslah Roh Kudus-Mu
untuk menyertai dan memimpin
seluruh proses pemilihan Uskup baru kami.
Berilah kami Uskup baru yang baik
sesuai dengan kehendak-Mu,
yang sungguh mencintai Engkau dan Gereja-Mu,
serta memimpin kami dalam peziarahan hidup ini.

Berkat bantuan doa Bunda Maria dan semua orang kudus,
kami serahkan seluruh diri kami kepada-Mu:
Peliharalah kami dalam semangat kasih dan kesatuan
dan dengarkan doa permohonan kami ini.
Dengan pengantaraan Yesus Kristus, Tuhan kami. Amin.


SEMBAHYANGAN PANYUWUNAN
BAPA USKUP KEUSKUPAN AGUNG SEMARANG INGKANG ENGGAL

Allah Hyang Rama ingkang mahakuwasa
kawula ngaturaken puji panuwun ingarsa Dalem
jer Sampeyan Dalem jumeneng Pangen kawula ingkang langgeng
ingkang mboten nate nilar menda-menda Dalem,
nanging tansah njagi lan ngayomi kawula
lumantar Putra Dalem Sri Yesus Kristus.

Ing titi wanci menika, Sampeyan Dalem nuntun kawula
lumantar leladosanipun para Rama Uskup,
ingkang dados gantosing para Rasul Dalem,
ingkang tansah manunggal kaliyan Sri Paus Benediktus XVI.
Umat Dalem ing Keuskupan Agung Semarang sampun nate
pinaringan para Rama Uskup ingkang sae:
Monsinyur Sugijapranata lan Bapak Kardinal Darmajuwono
ingkang sampun sumare, sowan ingarsa Dalem;
Bapak Kardinal Darmaatmaja lan Monsinyur Ignatius Suharyo
ingkang taksih makarya ngladosi Pasamuwan Dalem.

Kersoa mriksani kawula, dhuh Gusti,
umat Dalem ing Keuskupan Agung Semarang
ingkang nyenyuwun ingarsa Dalem kanti ngasih-asih:
Mugi kersoa enggal maringi Rama Uskup ingkang enggal.
Mugi Hyang Roh Suci tansah nyarengi lan mimpin
lampahing pepilihan Rama Uskup kawula samangke.
Maringana kawula Rama Uskup ingkang sae
laras kaliyan kerso Dalem,
ingkang tuhu tresno dhateng Sampeyan Dalem tuwin Pasamuwan Suci,
saha saged mimpin kawula wontening pasujarahan gesang menika.

Awit saking pitulungan sembahyanganipun Ibu Dewi Maria
tuwin sagunging para suci,
kawula pasrahaken jiwa raga kawula ingarsa Dalem,
mugi kersoa ngreksa kawula ing semangat katresnan lan panunggalan,
saha mugi kersoa nyembadani panyuwunan kawula menika.
Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.


Sumber: Komisi Liturgi - Keuskupan Agung Semarang